Rabu, 23 November 2016

Tembung Kriya

Tembung Kriya (Kata Kerja)
Yaiku:
1. Sarupane tembung sing mratelake tingkah laku/ solah bawa/ tandang gawe.
2. Tembung tembung kang minangka wangsulane pitakon “lagi apa?”. Mulane, tembung kriya diarani  tembung sing njlentrehake aktivitas.

Manut dhapukane, tembung kriya kaperang dadi loro, yaiku:

A.Kriya Lingga
Yaiku tembung kriya sing durung owah saka asale/ linggane.
Tuladha: omong, adus, lunga, tuku, kramas, turu, lsp.
B.Kriya Andhahan
Yaiku tembung kriya sing wis owah saka asale/ linggane.
Tuladha: ndulang, macul, ngantem, nyakot, daktuku, ditabok, tinulis, lsp.

Sing kalebu kriya andhahan ana 4 werna:


1.Kriya tanduk (kata kerja aktif) : tembung kriya kang entuk ater-ater anuswara (ny, m, ng, n).
Tuladha: nyiram, mulang, ngombe, nandur, ngancani, nggawakake, njajah, mbonceng, lsp.
2.Kriya tanggap (kata kerja pasif: tembung kriya kang entuk ater-ater tripurusa (dak, ko/kok, di).
Tuladha: dakpangan, kokwaca, dibuwang, daktulisake, diopeni, dianggep, lsp.
3.Kriya rangkep : tembung kriya kanthi ngrangkep wanda wiwitan utawa linggane.
Tuladha: tetuku, tetamba, mlaku-mlaku, ngetung-ngetung, lsp.
4.Kriya tanggap tarung : tembung kriya kanthi ngrangkep lingganenanging katambahan seselan in ing perangan lingga pungkasane.
Tuladha: tulung-tinulung, jambak-jinambak, wulang-winulang.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar